Keong Mas


Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadhapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan. Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane.

Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. “Duh Gusti paringono pepajar ing desa kula mugimugi inggal kalis saking prahara punika.”

Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi?” ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng di cedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Mbok Randha menyang alas kaya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih nglanthung ora entuk opo-opo.

Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawa wae ana krowodan kang iso ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kamitenggengen amargi ngerti panganan kang ana ing pawone. 

Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.

Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang darang ing alas lan jilmo Keong Mas?”

“Yung aku iki garwane Raja ing Jenggala, Raja Inukerta, aranku Candra Kirana”

“Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu?”

Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candra Kirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali.

Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan.